Diberdayakan oleh Blogger.
RSS

Cara Sambutan Bahasa Jawa halus


Assalamualaikum.Wr.Wb.


Rencang2 kulo ingkang insyaAllah dipun rahmati deneng Allah swt,
Monggo2 kito ngerahosaken syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi pinten2 kenikmatan, kerahmatan, taufik soho hidayahipun dumateng kito sedoyo sehinggo kito saget makempal wonten ing majelis niki kanti mboten wonten alangan satunggaling punopo.Lan mboten kesupen kito ngerahosaken syukur dumateng Allah ingkang sampun maringi nikmat ingkang sanget ageng dumateng kito sedoyo ingkang nikmat wahu mboten dipun paringaken dumateng sedanten hamba2nipun Allah swt, nikmat wahu inggih meniko nikmat iman lan nikmat islam.Pramilo monggo kito syukuri kanti wahosan hamdalah sesarengan.Alhamdulillahirobbilalamin.
Solawat soho salam mugi tetep kaaturaken dumateng junjungan kito, suri tauladan kito, idola kito NABI AGUNG MUHAMMAD SOLLALLAHU ALAIHI WASALAM, ingkang kito ajeng2 safaatipun wonten ing yaumul qiyamah.Mugi2 kito sedoyo, keluargo kito lan guru2 kito kagolong tiang2 ingkang saget nampi safaatipun.Amin.Allahumma amin.
Rencang2 kulo ingkang insyaAllah dipun rahmati deneng Allah swt,
Sekedap maleh kito bade ngelampahi UJIAN SEMESTER GAZAL, ingkang ujian meniko dados salah setunggaling tolak ukur keberhasilanipun kito sedoyo anggenipun nuntut ngilmu ingkang kirang langkung sepaleh tahun.Dene menawi kito sedoyo ngelampahi ujian meniko kanti persiapan ingkang sae inggih meniko kanti sinau lan mboten kesupen do’a dumateng ALLAH supados dipun paringi kelancaran anggenipun an kegampilan anggenipun njawab soal2 semester meniko.Ananging mboten supados kito sinahu ingkang mempeng kangge persiapan ujian lajeng kito mboten ngelampahaken perintahipun Allah nanging kito sinahu kanti imut dateng Allah lan mboten ninggalaken perintahipun.Sebab sedanten kesuksesan lan keberhasilanipun kito sedoyo meniko mboten saking kito pribadi nanging kanti pitulunganipun Allah.
Rencang2 kulo ingkang insyaAllah dipun rahmati deneng Allah swt,
Ing mriki kulo mboten bade nggurui rencang2 sedoyo sebab rencang2 sedoyo luweh mangertos perkawis niki tinimbang kulo ananging kulo ing mriki namung bade ambagi ngilmunipin kulo ingkang sekedik meniko dimateng rencang2 sedoyo lan mugi2yo saget manfaati.Amin.Sebab ngelmu meniko menawi mboten dipun amalaken bade mboten enten manfaaatipun, misal panjenengan gadah ngelmu saget ndamel kursi ananging menawi mboten dipun amalaken geh sia2 mawon ngelmune njenengan mboten saget manfaati dumateng sinten mawon.
Ing meniko rencang2 ingkah gadah ngelmu monggo dipun amalaken lan dipun sebaraken deneng tiang2 sanes supados saget manfaati.Igkang gadah ngelmu matematika, dipun amalaken dipun sebaraken dateng rencang2 ingkang dereng paham matematika supaos ngelmu wau manfaat.Ingkang saget bahasa inggris dipun amalaken lan dipun sebaraken dateng rencang2 ingkang dereng saget fasih bahasa inggris supados ngelmu wau saget manfaat.
Rencang2 kulo ingkang insyaAllah dipun rahmati deneng Allah swt,
Monggo kito siapaken pikiran lan jasmani kito kangge ngadepi ujian semester meniko lan ampun supe do’a deneng Allah SWT lan sholat tahajjud ing ndalunipun.Mugi2 kito sedoyo angsal hasil ingkang maksimal ingkang sesuai kalian harapan kito sedoyo.Amin.
Rencang2 kulo ingkang insyaAllah dipun rahmati deneng Allah swt,
Kulo kinten namung niki ingkang saget kulo aturakaen,
Menawi wonten kesalahan anggenipun kulo matur kulo nyuwun agunging pangapunten dumateng rencang2 sedoyo, Lan dumateng Allah kulo nyuwun MAGHFIROH-ipun Astaghfirullahaladzim 3x.
Kupat janure tuwo
Menawi katah lepat
Kulo nyuwun pangapuro

Kulo akhiri billahi taufiq walhidayah,

Wassalamualaikum.Wr.Wb.
.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar